Saturday 5th of October 2024

Kumpulan Sambutan Ketua Pelaksana Halal Bihalal Bahasa Jawa, Singkat dan Gak Bikin Bosen!

×

Kumpulan Sambutan Ketua Pelaksana Halal Bihalal Bahasa Jawa, Singkat dan Gak Bikin Bosen!

--

Contoh 2

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh


Sugeng enjing para rawuh ingkang kinurmatan

Kagem para tamu undangan ingkang nembe rawuh. Sumangga kula aturi supados pinarak kanthi jenak lenggahan ing papan ingkang sampun kasedhiakaken dening Pak Sapari sakulawarga.

Bapak saha ibu undangan trah Purnomonadi. Tepangaken kula Bayu Agni minangka ketua panitia temu kangen ugi Halal Bihalal Trah Purnomonadi.

Para rawuh saderenge lumebet dhateng adicara inti, sumangga sesarengan kita ngonukaken puji syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring rahmat, hidayah, karunia, lan nikmatipun ingkang mboten nate saged kita etang.

Amargi ing dinten puniki kula dalah panjenengan sedaya tansah dipunparingi kesarasan ugi kalodhangan kagem rawuh ing adicara halal bihalal trah punika.

Kaping kalihipun solawat sarta salam kita tansah kita konjukaken dhateng junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah SAW, kaluwarganipun, sahabatipun , lan para pengikutipun.

Bapak, ibu, sarta para mitra ingkang kula tresnani. Kita nyawiji raos ing dinten ingkang suci punika kagem ngempalaken balung pisah.

Mugya kanthi rawuh ing adicara punika kita boten kepaten obor saengga paseduluran trah saking Purnomonadi tansah jinaga ngantos dinten samangke.

Para rawuh sadangunipun kita nindakaken pasrawungan ing alam padhang punika. Samesthinipun wonten kalepatan ugi wonten tumindak sarta tata tutur ingkang kirang mranani ing manahipun tiyang sanes.

Mugi-mugi ing dinten ing kebak asih punika, kita saged pinaringan dhadha ingkang jembar pindha samudra kagem paring pangaksama dumateng sedaya kalepatan ingkang nate katindakaken.

Saengga ing dinten salajengipun kita tansah saged sayuk rukun kados welingipun Mbah Purnomonadi ing jaman gesangipun.

Para rawuh kula nyuwun pandonganipun supados adicara dinten punika saged lumampah kanthi lancar tanpa wonten setunggal alangan punapa kemawon.

Saliyane wonten halal bihalal adicara dinten punika ugi bakal karegengaken klawan maneka adicara, salah satunggalipun adicara campursari.

Kagem para rawuh ingkang kersa paring sumbangan swanten. Saged minggah dhateng panggung kagem nembang.

Salajenge, ing ngajeng panjenengan sampun kasadhiakaken maneka dhaharan ugi uniman. Sumangga para rawuh saged ngrahabi suguhanipun ingkang mengku damel.

para rawuh, kula kinten cekap semanten rumiyin atur kula. Menawi wonten kirang sarta langkungipun kula nyuwun samudraning pangaksami.

Wassalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.

Baca juga: Kumpulan Contoh Soal Akademik Polri Beserta Kunci Jawaban Lengkap 2023, Pasti Dijamin Lulus Seleksi!

Baca juga: Kumpulan Contoh Iklan Untuk Bengkel Las yang Keren dan Kekinian, Cocok Untuk Usaha Bengkelmu!

Baca juga: Contoh-contoh Soal Kaidah Pencacahan Matematika, Disertai Kunci Jawaban + Pembahasan

Sumber:

UPDATE TERBARU