Friday 4th of October 2024

Kumpulan Sambutan Ketua Pelaksana Halal Bihalal Bahasa Jawa, Singkat dan Gak Bikin Bosen!

×

Kumpulan Sambutan Ketua Pelaksana Halal Bihalal Bahasa Jawa, Singkat dan Gak Bikin Bosen!

--

Amargi namung kanthi sedaya rahmat lan kanugrhanipun kita sedaya saged nyawiji raos ing papan ngriki kagem ngestreni adicara Halal Bihalal Trah Sura Manggala kanthi tanpa wonten kekirangan setunggal punapa.

Kaping kalihipun mugi-mugi sedaya sholawat saha salam taksih katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang sapangatipun tansah kita rantos ing dinten kiyamat samangke.


Para rawuh ingkang tansah dipuntresnani Gusti Allah, ing dinten punika, ing kalodhangan ingkang bingah salebeting manah, tepangaken punika kula minangka ketua panitia, Burhanudin Salam badhe ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan ingkang rawuh dhumateng adicara Halal Bihalal menika.

Salajengipun kula badhe ngucapaken sugeng riyadi 1444 H, mugi-mugi ing dinten ingkang suci punika sedaya kalepatan kula dalah panjenengan sedaya tansah dipunapura dening Gusti Allah.

Saengga ing dinten menika kita saged kados bayi ingkang nembe mijil saking garbanipun ibunipun ingkang suci tanpa dosa.

Kita sedaya saged mangertosi bilih Halal Bihalal punika saged dados sarana kagem ngempalaken balung-balung sempal, saengga kita boten ngantos kepaten obor ingkang njalari kita kecalan sanak kadang.

Para rawuh ugi para sedherek ingkang kula tresnani, adicara Halal Bihalal menika kita bakal ngapura-ingapura dumateng liyan. Supados sedaya dosa lan kalepatan kita saged dipunapunten dening Allah SWT. Amin yarobal alamin.

Para rawuh ingkang tansah kinurmatan sarta dipuntresnani  dening Gusti Allah, wonten paribasan ingkang ngandharaken bilih memitran punika menika saged nambah panjangipun yuswa.

Mugya kanthi adicara punika sageda nyambung tali memitran ugi paseduluran ing nate renggang dados rumaket malih.

Kanthi sambungipun tali memitran ugi paseduluran saking trahipun eyang Sura Menggala mugya saged dados sarana tumrap kita nggayuh sedaya kabecikan sarta tebih saking sedaya godha sarta coba.

Pungkasanipun atur, kula minangka ketua panitia ngajab supados adicara ing dinten punika saged lumampah kanthi lancar wiwit purwa dumugi paripurna.

Mugia adicara dinten punika saged migunani sarta paring kabecikan tumrap kita sedaya. Salajengipun kanthi adicara punika kita saged nglebur sedaya kalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten disengaja ing dinten ingkang minulya punika.

Saderengipun kula pungkasi, menawi wonten tata lampah ugi tata wicara kula ingkang kirang mranani dhumateng manahipun panjeneng, estu kula nyuwun samudraning pangaksami.

Akhirukalam Wabillahi taufik walhidayah, Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh!

Sumber:

UPDATE TERBARU