Friday 4th of October 2024

Kumpulan Sambutan Ketua Pelaksana Halal Bihalal Bahasa Jawa, Singkat dan Gak Bikin Bosen!

×

Kumpulan Sambutan Ketua Pelaksana Halal Bihalal Bahasa Jawa, Singkat dan Gak Bikin Bosen!

--

Contoh 3

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh


Sugeng rawuh para mitraku saking alumni SMA 1 Ngunut taun 2005. Kita makempal dinten punika ing dalemipun Mas Dahri kagem reuni sarta nindakaken halal bihalal.

Para mitraku, saderengipun mlebet dhateng adicara inti, ingkang sepindhah sumangga kita tansah boten kesupen kagem ngonjukaken raos syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring nikmat sarta kanugrahan tumrap kita sedaya.

Kaping kalihipun solawat ugi salam mugya tansah konjuk ing ngarsanipun Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW ingkang sapangatipun tansah kita rantos ing dinten kiyamat mangke.

Para mitraku sing daktresnani, minangka ketua panitia, kula matur nuwun sanget panjenengan kersa nglodhangaken wekdal kagem rawuh ing dinten punika.

Kanthi rawuhipun panjenengan ing adicara dinten punika, mugya saged ngraketaken malih tali memitran antarane kula dalah panjenengan sedaya.

Sadangunipun kita memitran, samesthinipun nate wonten kalepatan utawa raos mangkel ingkang tansah sinimpen salebeting manah.

Sumangga raos ingkang kados mekaten sageda dipun lebur ing wulan ingkang kebak welas sarta asih punika.

Para mitra, ing dinten punika Mas Dahri ugi badhe ngawontenaken syukuran awit ing lebaran taun niki panjenengane nembe pikantuk momongan.

Para mitra, kula kinten cekap semanten atur kula. Sumangga kagem Mas Dahri ingkang sajake badhe dipunaturaken.

Santen toyanipun klapa, menawi wonten tumindak sarta atur kula ingkang lepat. Kula nyuwun agungipun pangaksama.

Wassalamualaikum warrahamatullahi wabbarakatuh.

Baca juga: Kumpulan Contoh Soal Pembagian Bilangan Satu Angka Dengan Tiga 3 Angka Tahun 2023 Kurikulum Merdeka Beserta Kunci Jawabannya

Baca juga: Contoh Soal Aksara Jawa Pasangan Pilihan Ganda dan Essay Terbaru 2023, Dilengkapi dengan Kunci Jawabannya

Baca juga: Contoh Soal Titik Berat Trapesium Sama Kaki dan Pembahasannya yang Paling Mudah Dimengerti

Sumber:

UPDATE TERBARU