Friday 20th of September 2024

Kumpulan Contoh Ikrar Syawalan Saat Halal Bihalal Tahun 2023, Singkat Padat dan Penuh Makna

×

Kumpulan Contoh Ikrar Syawalan Saat Halal Bihalal Tahun 2023, Singkat Padat dan Penuh Makna

--

Saengga ing titi wanci ingkang endah punika kita taksih saged nindakaken sembahyang Idul Fitri 1444 Hijriyah kanthi lancar tanpa wonten setunggal alangan punapa.

Mugya sholawat saha salam mugi tansah dipuntetepaken Allah dhumateng Kajeng Nabi Agung Rosulullah Muhammad SAW, para kaluwarga, ugi para sahabat, sarta sedaya penderekipun ingkang tansah mituhu dhumateng sedaya piwulangipun.


Para bapak ugi Ibu ingkang kula bekteni sarta kula khurmati, keparenga kula ing ngriki jumeneng kagem marak sowan ing marang panjenengan sami, ingkang saperlu nderekaken panjenengan sedaya kagem nindakaken ikrar halal-bihalal ing titi wanci punika.

Salajengipun kula ingkang badhe matur supados panjenengan sedaya kersa anniroaken napa kemawon ingkang badhe kula ucapaken.

Saderengipun kita wiwiti adicara punika, becikipun kita wiwiti kanthi maos basmallah kanthi sesarengan, sumangga kula wiwiti kanthi sesarengan.

Bismillahirahmanirahim

Asyhadu alla ilaaha illallah.

Wa asyhadu anna Muhammadarrosulullah.

Kepareng kula matur, dhumateng para bapak lan ibu sarta sederek sedaya ingkang kaleres sepuh, kula tindakaken sungkem pangabekti mugi tansah katur ing ngarsa panjenengan sedaya.

Dhumateng bapak ugi ibu sederek sedaya ingkang langkung enem, kula ngaturaken salam memitran mugia tansah katur ing ngarsa penjenengan.

Salebnetipun dinten riyaya Idul Fitri punika, kula ngaturaken sugeng riyadi, taqabalallahu minna wa minkum.

Mugia Gusti Allah tansah kersa nampi sedaya amal ibadah sarta kesaenan kita ingkang sampun kita tindakaken ing wulan Ramadhan kala wingi.

Salajengipun kula nyuwun pangaksama saking sedaya kalepatan kula, kanthi tulus trusinng batin, kanthi tandes dumugi manah, saestu kula nyuwun agunging pangaksama mugia panjenengan kersa paring pangaksama marang kalepatan kula.

Sematen ugi, bilih panjenengan ingkang kagungan kelepatan dhumateng kula, kanthi lila sarta ikhlasing batin kula sampun apura kalepatan panjenengan sedaya.

Mugya Gusti Ingkang Maha Wikan tansah paring ijabah sarta paring pangaksama saking kalepatan kita sedaya.

Amin, amin, Ya robbal ‘alamin.

Mekaten sarta cekap semanten rumiyin ikrar syawalan ingkang saged kita aturaken. Menawi wonten lepating pangucap sarta wonten tumindak kula ingkang diraos kirang mranani salebeting penggalih, saestu kula nyuwun agunging pangaksama.

Wassalamualaikum warrahmatullahi wabbarakatuh.

Baca juga: Contoh Undangan Anniversary Komunitas Motor yang Singkat dan Menarik Buat Kopdar Bareng Para Anggota

Baca juga: Download Contoh Soal Ujian Penyuluh Agama Islam Non PNS Terbaru 2023, Pelajari Sebelum Ikut Test Ujian!

Baca juga: Contoh Huruf Kaligrafi kaligrafi Latin A Sampai Z yang Bagus dan Gampang Buat Ditiru Pemula

Sumber:

UPDATE TERBARU