Tuesday 17th of September 2024

Contoh Naskah Drama 4 Orang Bahasa Jawa Tema Pendidikan, Dapat Memberikan Makna yang Dalam!

×

Contoh Naskah Drama 4 Orang Bahasa Jawa Tema Pendidikan, Dapat Memberikan Makna yang Dalam!

--

Iwan : "Wis, kita ndelok buku wae yuh."

Iwan banjur ngetokake buku saka tas e dewek e kanthi meneng-meneng supaya ora diconangi ibu guru banjur ndelok rumus kang ana ing buku iku.


Sawise kui banjur Serli nakoke jawabane marang Iwan.

Serli : "Piye wan? Ana apa ora?"

Iwan : "Rungoke ya telulikur (23) A, patlikur (24) C, selawe (A)"

Ananging apes temen ki bocah-bocah bandel, merga suwarane Iwan sing buanter Ibu guru mireng apa sing pada digunemke mau.

Merga keconangan turun-turunan siswa cacah papat (4) dihukum supaya ninggalake kelas, ora oleh melu ulangan kesebut.

Drama 2. Judul: SINAU BARENG

Dina: "Aku kok ora mudheng blas ya karo materi matematika sing himpunan iki. Kowe paham materine, Din?"

Dini: "Podo e aku yo ra paham."

Joni: "Lha awakdewe tibake podo wae. Aku kat wingi wis maca lan sinau tapi isih bingung karo konsep sing dimaksud." (Joni sik melu nimbrung).

Dina: "Terus penake piye ya, Jon? Masa awakdewe kudu melu bimbel ben isa mudeng karo materi iki?"

Joni: "Bimbel saiki larang pol, Din. Ora duwe duit aku lek saiki kudu melu bimbel."

Habib: "Ana apa iki? Arep ulangan opo piye kok koyoe lagi seru obrolane?"

Dini: "Iki lho, Bib. Pada bingung matematika. Sampek saiki ora isa mudheng karo iki."

Toni: "Terus hubungane karo bimbel mau apa? Do arep melu bimbel?"

Joni: "Larang banget, Ton. Ora isa lek arep bimbel saiki."

Toni: "Yawes ngene wae, aku karo Habib sering sinau bareng mben Senin. Lek do arep melu, ayo."

Habib: "Mengko sinau bareng ben podo iso mudheng kabeh."

Dina: "Tenane iki? Ora ganggu kowe mengko?"

Toni: "Ya ora. Ngko diomongne maneh ya. Ayo saiki mlebu kelas dhisik!"

Baca juga: Contoh Naskah Drama Panjang Untuk 5 Orang dalam Bahasa Inggris dan Artinya yang Mudah Dihafalkan

Baca juga: Naskah Drama Pendek Untuk 5 Orang dalam Bahasa Inggris dan Terjemahannya, Tersedia dengan Berbagai Tema

Baca juga: Contoh Naskah Drama Keluarga Untuk 5 Orang Bahasa Inggris dan Terjemahannya, Bisa Untuk Pentas Seni Budaya

Demikianlah informasi yang dapat kami bagikan mengenai contoh naskah drama 4 orang yang bisa jadi referensi dalam membuat naskah atau bisa juga ditampilkan langsung pada kegiatan sekolah. Sekian informasi dari kami, semoga bisa bermanfaat. 

Sumber:

UPDATE TERBARU