Tuesday 17th of September 2024

Contoh Teks Pranatacara Pernikahan Menggunakan Bahasa Jawa Formal dan Runtut!

×

Contoh Teks Pranatacara Pernikahan Menggunakan Bahasa Jawa Formal dan Runtut!

--

Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo:

  1. Adicoro Pambuka
  2. waosan pustoko suci al Qur’an
  3. Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi
  4. Istirahat
  5. wedar Sabdo/ mauidhoh hasanah
  6. Doa-Penutup

Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul fatihah, Liridloillah--------


Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan rahayu tebih ing sambikolo.

Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bade kaseliraaken dening .... wekdal soho panggenan kaaturaken.

(pembacaan ayat al Quran)

Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun dumateng ingkang maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo lan panjenengan sami.

Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah temanten ... ,dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah kasumanggaaken.

Dumateng panjenengan ipoun kaaturaken agunging panuwun

(Pasrah Manten)

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah ngiras-ngirus atur pambagyo ingkang amengku gati -Shohibul Bait-, awit saking bombong miwah mongkok ipun manah panjengan ipun Bapak.... bade matur, amung kandek wonten sak lebetipun penggalih. Ingkang puniko sesulih saliro dumateng panjengan ipun Bapak.....kaaturaken.

(shohibul Bait)

Baca juga: Contoh Teks MC Pernikahan Islami yang Sakral dan Formal, Mulai Pembukaan Hingga Doa Penutup

Baca juga: Contoh Teks MC Bahasa Jawa Singkat Mudah Dipahami, Bisa Digunakan dalam Berbagai Acara!

Baca juga: Kumpulan Contoh Teks MC Lomba Cerdas Cermat, Bikin Acara Jadi Makin Mantap!

Paripurnaning pasrah penampining putro tmanten dumugi saatipun adicoro ingkang kaping selkawan inggih puniko istirahat. Pinongko corongipun shohibul bait poro rawuh kaaturaken sekeco anggenipun lenggah sinambi poro kadang punggowo ngatiri pasugatanlan amung ngaturakensugeng angerahapi kanti sekeco lan saestu.

Poro rawuh ingkang tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil kamardikan panjenengan kanti tatas tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten. Candak adicoro selajengipun inggih puniko Mau’idhoh hasanah soho doanipun.Ananging sak derengipun Maidhoh soho doanipun kawedar kawulo minangkani pambiworo adicoro anggenipun andereakenlampoahing roncening adicoro wiwit awl dumugi akhir katah kekirangan boso tuwin subositi kawulo namung tumadah lumebering sih samudra pangaksami.Akhirul kalam Wassaalamu alaikum Wr. Wb.

Angaturaken kanti renaming penggalih dumateng Al-Mukarrom anyelirani mauidhoh hasanah soho doanipun, wekdal soho panggenan kasumanggaaken.

Nah, itulah contoh teks pranatacara pernikahan menggunakan Bahasa Jawa yang bisa jadi bahan referensi dalam pembuatan teks MC nantinya. Sekian informasi dari kami, semoga bisa bermanfaat dan selamat menncobanya. 

Sumber:

UPDATE TERBARU